Selasa, 03 Juli 2018

Parikan Jowo


Esuk nyuling sore nyuling
Sing nyuling pengen maem bakso
Esuk eling sore yo eling
Sing dieling-eling ora rumongso

Ngisor cakruk enek wong topo
Sing topo jenenge Pak Jalal
Ternak manuk ora popo
Sing penting tetep halal

(Kapan isoh menghalal kan koe dek... padake panganan ono cap halal yow dek)
Ardi... ardi... rodo semlenget koe ki.

Santai intermezo.... ^_^

Balik maning yak....

Sore" ngeplek merpati
Ora lali tuku sate kelinci
Dadi guru kudu setiti
Ben murid e podo ngabekti

(Etok" aku guru ne... km murid e dek) :p

kopat kapit ngiwo nengen
kandha sengit jebul kangen
numpak taksi mudhun solo
ngomong benci jebul tresno

Tuku telo karo tempe
Ora lali komplit es e
Aku tresno karo kowe
Saiki lan selawase

(Maklum maem ku ger sering nek raja hek) ^_^
(Ora tau nek keee....eeffff....ccciiii)

Rodo wedi mergo ra wani
Arep mlayu abot le nyunggi
Rino wengi tansah tak impi
kapan cah Ayu kerso ngurusi

Nek pasar Wedi tuku manggis
budal nang pasar kulakan duku
rupamu ayu nek mesem manis
arep tak lamar dadi bojoku

Kue Bolu ketiban sapu
Cah ayu aku tresno sliramu
Iwak patin cacahe telu
dek ***** ,I lope you

Wayah wengi ngajari sinau
Sinau ne kui moco buku
Gandeng ngantuk tombo ne turu
Nice dream cah ayuuuu



Tidak ada komentar:

Posting Komentar